Kidung Sawijining Dino

Kang tansah tak eling-eling
Sawijining dino,
Kang mowo cahyo
Hanggowo katentremaning ati
Ora ono kang luwih ayem
Kajobo sliramu sawiji cah ayu

Aku melu ngrasakake
Bebasan tanduran aku kang nyirami
Wingi sing wis tak liwati
Ninggalake roso kang tanpo dugo

Duh Ratu Kencono Wungu
Mangertio
Dino iki pancen dinamu
Ora ono kang luwih ayem
Kajobo sliramu sawiji cah ayu

7 komentar:

  1. kidung sawijining dino, kanggo wong kang di tresnani...

    BalasHapus
  2. rada ngerti... rada bingung juga >.<

    BalasHapus
  3. wah aku nggak ngerti nih...translate dong

    BalasHapus
  4. tumlawung rasa ngulandara
    kagodha mring wewayangan
    kang tansah angreridhu jiwa

    dhuh katresnanku kenya ayu
    kaya ratu kencana wungu
    ana ngendi paranmu
    enggal bali lan tambanana
    kangen ing jero dhadhaku...

    salam gurit kang mas

    BalasHapus
  5. @rizal: translator goole tidak mendukung bahasa jawa mas.. :)

    @Zamroni AB: maturnuwun sampun kersa mampir Pak, nyuwun pangapunten mbok bilih panggenanipun damel mboten renaning penggalih panjenengan... nuwun

    BalasHapus
  6. sae kekidunganipun kang mas...
    saestu ingkang prayogi sumangga sareng2 berekspresi hehehe

    BalasHapus